Jumat, 01 April 2011

UAS

siswa-siswaku, segeralah pelajari semua materi yang bu Lina berikan baik materi pada saat pembelajaran berlangsung ataupun materi yang bu Lina berikan melalui Blog ini. dan jangan lupa pelajari latihan soal A, B, dan C. niscaya kalian bisa menyelesaikan UAS Bahasa Jawa besok pagi.
SELAMAT BELAJAR
SUKSES MENYERTAI KALIAN

MENGHADAPI UJIAN AKHIR SEKOLAH

kagem siswa-siswi SMP 3 Bae
sedaya materi ingkang kaemot wonten blog sumangga dipunsinau, kaliyan latihan soal A, B, kaliyan C. Mugia saged mangsuli pitakenan benjang-enjang nalika ujian.

Jumat, 11 Februari 2011

TEMBUNG ENTAR, SANEPA, LAN TEMBUNG SAROJA


Tembung Entar
Tembung entar tegese. Tembung silihan utawa tembung kang duwe teges ora salumrahe utawa saligune. Yen ning bahasa Indonesia asring kasebut “bahasa kiasan” .
Tuladhane:
·  Abang kupinge         : nesu banget
·  Abang-abang lambe : ora temenanan
·  Baling liring             : nglirik mripat
·  Bening atine             : sumeh
·  Cancut taliwanda     : tandang gawe
·  Cupet atine               : gampang nesu
·  Dadi gawe                : ngrepotake
·  Gadho ati                 : gawe susah ati
·  Jembar kaweruhe     : akeh ngelmune
·  Kuwat drajad           : cocok dadi pemimpin
·  Lara ayu                   : lara cacaren
·  Mata dhuwitan         : srakah marang dhuwit
·  Padhang dalane        : mlebu surge
·  Udan tangis              : akeh sing padha nangis
·  Mogel ilate               : mangan sing sarwa enak

Sanepa
Sanepa tegese unen-unen bangsane pepindhan lan ajeg panganggone ngemu surasa mbangetake nanging nganggo tembung sing tegese kosok baline karo karepe.
Tuladha:
·  Arang kranjang        : kerep banget
·  Arang wulu kucing  : akeh banget
·  Arum jamban           : banger/mambu banget
·  Pait madu                 : legi banget
·  Atos debog              : empuk banget
·  Jero tapak meri         : cethek banget
·  Abang dluwang       : pucet banget

Tembung saroja
Tembung saroja, tegese loro padha utawa meh padha tegese di enggo bebarengan.
Tuladha:
·  Abang mbranang
·  Adhem ayem
·  Bagas waras
·  Breh weh
·  Campur bawur
·  Duga prayoga
·  Edi peni
·  Jabang bayi
·  Kabur kanginan
·  Lega lila
·  Raja pati
·  Sabar drana
·  Uba rampe

Rabu, 09 Februari 2011

PARAMASASTRA


Paramasastra inggih menika ngelmu kang nyinau babagan aksara, wanda, tembung, lan ukara.
Paramasastra miturut golonganing tembung kaperang :
·      Tembung aran (tuladha: radio, meja, lsp)
·      Tembung kriya (tuladha: maca, turu, lsp)
·      Tembung sesulih(tuladha: kowe, aku, lsp)
·      Tembung wilangan (tuladha: telu, enem, lsp)
·      Tembung kaanan (kata sifat) (tuladha: elek, kuru, lsp)
·      Tembung katrangan (tuladha: kana, lor, lsp)
·      Tembung pangarep (tuladha: saka ing, lsp)
·      Tembung sandhangan (tuladha: sang, hyang, lsp)

Jinising tembung ana 2, inggih punika tembung lingga lan tembung andhahan…
Tembung lingga inggih punika tembung kang during owah saka asale, tuladhane meja, pangan arit,…lsp
Tembung andhahan inggih punika tembung kang wis owah saka asale, tuladhane mlaku koktuku, gumagus lsp
Tembung andhahan kuwi asale saka tembung lingga kang oleh ater-ater, panambang, lan seselan

Tuladhane ater-ater:
·   Ater-ater a+….
a+karya: akarya
·   Ater-ater ka+…
Ka+tabrak: katabrak
·   Ater-ater anuswara (na,ma,ny, ng)
na+tampa: nampa
ma+pangan: mangan
ny+sapu: nyapu
ng+goring: nggoreng
·   Ater-ater tripurusa (dak, kok, di)
kok+pangan: kokpangan
di+jambak: dijambak
dak+masak: dakmasak
·   Ater-ater sa, pa, pi, pra, pari, tar
sa+wengi: sawengi
pa+mudha:pamudha
pi+tutur: pitutur
pra+yoga: prayoga
pari+wara:pariwara
tar+buka:tarbuka
·   Ater-ater kuma, kapi, kami
Kuma+lamcang:kumalancang
Kapi+adreng: kapiadreng
Kami+gila:kamigilan

Tuladhane panambang:
·   Panambang ku, mu, e
Buku+ku: bukuku
Sapu+mu: sapumu
Jaran+e: jarane
·   Panambang an
Gawa+an: gawan
·   Panambang i
Suwek+i: suweki
·   Panambang a, na, ana, en
Jupuk+a: jupuka
Pangan+na: panganna
Sapu+ana: saponana
Jaga+en:jaganen
·   Panambang ake
Gambar+ake:gambarake
·   Panambang ne, ing
Bapak+ne: bapakne
Abang+ing: abanging

Tuladhane seselan:
·   Seselan in:
Cedhak +in: cinedhak
Titah+ in: tinatah
·   Seselan um:
Bagus+um: gumagus
Tindak+ um: tumindak
·   Seselan l, r:
Siwer+ l: sliwer
Kelip + r: krelip