Jumat, 01 April 2011

UAS

siswa-siswaku, segeralah pelajari semua materi yang bu Lina berikan baik materi pada saat pembelajaran berlangsung ataupun materi yang bu Lina berikan melalui Blog ini. dan jangan lupa pelajari latihan soal A, B, dan C. niscaya kalian bisa menyelesaikan UAS Bahasa Jawa besok pagi.
SELAMAT BELAJAR
SUKSES MENYERTAI KALIAN

MENGHADAPI UJIAN AKHIR SEKOLAH

kagem siswa-siswi SMP 3 Bae
sedaya materi ingkang kaemot wonten blog sumangga dipunsinau, kaliyan latihan soal A, B, kaliyan C. Mugia saged mangsuli pitakenan benjang-enjang nalika ujian.

Jumat, 11 Februari 2011

TEMBUNG ENTAR, SANEPA, LAN TEMBUNG SAROJA


Tembung Entar
Tembung entar tegese. Tembung silihan utawa tembung kang duwe teges ora salumrahe utawa saligune. Yen ning bahasa Indonesia asring kasebut “bahasa kiasan” .
Tuladhane:
·  Abang kupinge         : nesu banget
·  Abang-abang lambe : ora temenanan
·  Baling liring             : nglirik mripat
·  Bening atine             : sumeh
·  Cancut taliwanda     : tandang gawe
·  Cupet atine               : gampang nesu
·  Dadi gawe                : ngrepotake
·  Gadho ati                 : gawe susah ati
·  Jembar kaweruhe     : akeh ngelmune
·  Kuwat drajad           : cocok dadi pemimpin
·  Lara ayu                   : lara cacaren
·  Mata dhuwitan         : srakah marang dhuwit
·  Padhang dalane        : mlebu surge
·  Udan tangis              : akeh sing padha nangis
·  Mogel ilate               : mangan sing sarwa enak

Sanepa
Sanepa tegese unen-unen bangsane pepindhan lan ajeg panganggone ngemu surasa mbangetake nanging nganggo tembung sing tegese kosok baline karo karepe.
Tuladha:
·  Arang kranjang        : kerep banget
·  Arang wulu kucing  : akeh banget
·  Arum jamban           : banger/mambu banget
·  Pait madu                 : legi banget
·  Atos debog              : empuk banget
·  Jero tapak meri         : cethek banget
·  Abang dluwang       : pucet banget

Tembung saroja
Tembung saroja, tegese loro padha utawa meh padha tegese di enggo bebarengan.
Tuladha:
·  Abang mbranang
·  Adhem ayem
·  Bagas waras
·  Breh weh
·  Campur bawur
·  Duga prayoga
·  Edi peni
·  Jabang bayi
·  Kabur kanginan
·  Lega lila
·  Raja pati
·  Sabar drana
·  Uba rampe

Rabu, 09 Februari 2011

PARAMASASTRA


Paramasastra inggih menika ngelmu kang nyinau babagan aksara, wanda, tembung, lan ukara.
Paramasastra miturut golonganing tembung kaperang :
·      Tembung aran (tuladha: radio, meja, lsp)
·      Tembung kriya (tuladha: maca, turu, lsp)
·      Tembung sesulih(tuladha: kowe, aku, lsp)
·      Tembung wilangan (tuladha: telu, enem, lsp)
·      Tembung kaanan (kata sifat) (tuladha: elek, kuru, lsp)
·      Tembung katrangan (tuladha: kana, lor, lsp)
·      Tembung pangarep (tuladha: saka ing, lsp)
·      Tembung sandhangan (tuladha: sang, hyang, lsp)

Jinising tembung ana 2, inggih punika tembung lingga lan tembung andhahan…
Tembung lingga inggih punika tembung kang during owah saka asale, tuladhane meja, pangan arit,…lsp
Tembung andhahan inggih punika tembung kang wis owah saka asale, tuladhane mlaku koktuku, gumagus lsp
Tembung andhahan kuwi asale saka tembung lingga kang oleh ater-ater, panambang, lan seselan

Tuladhane ater-ater:
·   Ater-ater a+….
a+karya: akarya
·   Ater-ater ka+…
Ka+tabrak: katabrak
·   Ater-ater anuswara (na,ma,ny, ng)
na+tampa: nampa
ma+pangan: mangan
ny+sapu: nyapu
ng+goring: nggoreng
·   Ater-ater tripurusa (dak, kok, di)
kok+pangan: kokpangan
di+jambak: dijambak
dak+masak: dakmasak
·   Ater-ater sa, pa, pi, pra, pari, tar
sa+wengi: sawengi
pa+mudha:pamudha
pi+tutur: pitutur
pra+yoga: prayoga
pari+wara:pariwara
tar+buka:tarbuka
·   Ater-ater kuma, kapi, kami
Kuma+lamcang:kumalancang
Kapi+adreng: kapiadreng
Kami+gila:kamigilan

Tuladhane panambang:
·   Panambang ku, mu, e
Buku+ku: bukuku
Sapu+mu: sapumu
Jaran+e: jarane
·   Panambang an
Gawa+an: gawan
·   Panambang i
Suwek+i: suweki
·   Panambang a, na, ana, en
Jupuk+a: jupuka
Pangan+na: panganna
Sapu+ana: saponana
Jaga+en:jaganen
·   Panambang ake
Gambar+ake:gambarake
·   Panambang ne, ing
Bapak+ne: bapakne
Abang+ing: abanging

Tuladhane seselan:
·   Seselan in:
Cedhak +in: cinedhak
Titah+ in: tinatah
·   Seselan um:
Bagus+um: gumagus
Tindak+ um: tumindak
·   Seselan l, r:
Siwer+ l: sliwer
Kelip + r: krelip

Jumat, 04 Februari 2011

jadwal Ulangan Harian Bahasa Jawa

Jadwal ulangan kelas 9:
Kelas 9A: tanggal 2 Februari 2011
Kelas 9B: tanggal 5 Februari 2011
Kelas 9C: tanggal 7 Februari 2011
Kelas 9D: tanggal 21 Februari 2011
Kelas 9E: tanggal 9 Februari 2011
Kelas 9F: tanggal 9 Februari 2011
Kelas 9G: tanggal 12 Feburari 2011
Materi ingkang badhe dipunuji inggih punika:
  1. Aksara Rekan
  2. Karangan Narasi
  3. Sesorah
Jadwal Ulangan Kelas 7:
Kelas 7A: 14 Februari 2011
Kelas 7B: 12 Februari 2011

Rabu, 02 Februari 2011

CARANIPUN NDAMEL PACELATON

Pacelathon menika, inggih gineman kaliyan tiyang sanes ngginakaken basa (lesan). Ndamel pacelathon menika wonten rumusipun inggih:
  • nemtukaken tema langkung rumiyin
  • lajeng judul
  • dipunbacutaken nemtukaken cacahing paraga
  • ndamel cengkorongan (isinipun setting, kapan prastawa punika kedadosan, lan kados pundi kadadosanipun)
  • pacelathon ingkang dipundamel kedanh ngginakaken tanda baca petik ( "...")
Tuladha:
pacelahon kanthi tema        : mlebu sekolah
judul                                   : mlebu ing SMP 3 BAE
paraga                                : Fitri lan Nisa
Setting                                : ning SMP 3 BAE, jam 7 esuk dina Rebo sasi Juli tahun 2010

Mlebu ing SMP 3 BAE
Fitri lan Nisa padha-padha ketampa ning SMP 3 Bae, wong loro kuwi durung kenal...tapi karo wali kelase dhewekne di jejerke sakbangku.Fitri lan Nisa banjur kenalan...
Fitri: " eh...kenalan dhisik?..jenegku Fitri jenungmu sapa?"
Nisa: " jenengku Nisa Azahrah...biasane diundang Nisa, lha jeneng lengkapamu sapa?"
Fitri: "jeneng lengkapku Fitriana sari"
Nisa : "eh fit kowe seneng rak ketompo ning SMP 3 Bae kene?"
Fitri: "wah jan yen aky yo seneng banget, lha piye to kenapa?"
Nisa: "rak pa pa...mung takon."
Bel tanda mlebu kelas wis muni, Fitri lan Nisa banjur nyepakna buku pelajaran sing jam sepisan.
Menika tuladha ndamel pacelathon...bilih wonten pitakonan 
saged nyuwun pirsa dhateng bu Lina wonten blog Punika
sugeng sinau
"mugia saged ndamel pacelathon"





WANGSALAN


Wangsalan saking tembung wangsal, ingkang tegesipun wangsulan (jawaban). Wangsalan inggih punika unen-unen ingkang mirip teka-teki, saengga mbetahaken wangsulan, namung menawi wangsalan  sampun wonten tembung kunci kangge mangsuli wangsalan kala wau.

Wangsalan piyambak kaperang dados 3 jinis:
1.    Wangsalan lamba: wangsalan kang lugas, utawi wangsalan ingkang paling prasaja (sederhana). Ancasipun wangsalan punika minangka “pemanis” pacelathon padinan.
Tuladha:
Ø Mutra bebek, udane ngene kok wira-wiri bae apa ora risi ta?
Mutra bebek batanganipun meri, sampun wonten pituduhe ing ukara wingkingipun wiri
Ø Witing kelapa, wong tuwa ngomong kok ora nggugu
Wit kelapa batanganipun glugu, amargi tembung kuncinipun ngguggu

2.    Wangsalan rangkep inggih punika rerangkening tembung saengga mbentuk tegesing tembung.
Tuladha:
Kolik priya wanara, wanara anjani putra
Tuhu eman, wong enom wedi kangelan
Kolik priya batanganipun manuk tuhu, tembung kunci wonten ing ukara tuhu eman
Anjani putra batanganipun anoman, tembung kunci wonten ing ukara enom

3.    Wangsalan kang dumunung ing sanglebeting tembang. Wangsalan punika ancasipun kangge nambah kaendahan ing salebetipun sekar/ tembang.
Tuladha:
Sendhon puspagiwang
Parabe sang marabangun
Sepat domba kali oya
Aja dolan lan wong priya
Gung temah nora prasaja.

Ancasipun wangsalan dipundamel dening masyarakat jawi, inggih punika nggadahi paedah, inggih punika kangge:
a.    Panutuping sesorah, tuladha jenang sela wader kali sesondheran yen wonten lepat kawula nyuwun pangapunten.
b.    Kangge sarana ngelamar prawan,tuladha ngembun-embun enjang, anjejawah sonten.
c.    Minagka pungkasaning watak pasrah sumarah, tuladha dammar mancung cinupet.

UNSUR-UNSUR INGKANG WONTEN ING DRAMA, DONGENG, LAN CERKAK


Unsur-unsur ekstrinsik drama jawa: inggih menika unsur kang dumunung wonten ing diri penganggit, tuladhanipun: agama, daerah, adat istiadat, pendidikan lan bangsa.
unsur
unsur-unsur intrinsik drama jawa: inggih menika unsur kang dumunung wonten ing drama utama karya sastra menika piyambak.

Jinis-jinising unsur intrinsik drama:

Tema                          : inggih menika ide utama kang dados rohipun cariyos.
Penokohan                 : inggih menika unsur ingkang nggambaraken watakipun paraga wonten ing sajroning cariyos.
Alur utawi plot          : inggih menika reroncening prastawa sajroning cariyos.
Latar utawi setting    : unsur ingkang nggambaraken panggenan, wekdal lan suraosipun cariyos.
Sudut pandang          : inggih menuka posisinipun penganggit wonten ing sajroning cariyos.
Amanat                      : inggih menika pamekasing ajaran kang becik ingkang didamel penganggit saking karya sastranipun, lan saged dipunpundhut pamaos.

Tembang Macapat

Paugeranipun tembang Macapat:
Paugeranipun tembang Macapat wonten tiga, inggih menika.
Guru gatra                   : cacahing larik ing 1 pada
Guru wilangan            : cacahing wanda ing 1 pada
Guru lagu                    : tibaning swara ing pungkasaning gatra

Sipat-sipatipun tembang macapat
Pocung                       : kendho tanpa greget
Gambuh                     : rumaket, kulina wanuh wani
Durma                        : galak, jengkel utawa muntap
Mijil                            : wedharing rasa utawi ati
Sinom                         : grapyak, semanak, nanging sok-sokan wekasane sereng merga ora dituruti karepe
Pangkur                     : sereng, kang nggambarake karep kang ora gampang nglokro.
Kinanthi                     : seneng, asih utawa tresna.
Asmaradana              : sengsem, seneng, sedih, prihatin.
Dhandanggula           : luwesan, resep.
Maskumambang                   : sedih nelangsa, utawa karonta-ronta.
Megatruh                   :  sedih utawa susah.


Upacara Adat Jawa

Tambahan materi upacara adat Jawa
Upacara adat kawinan:
1.Upacara nakokno/ndhodhog lawang: upacara ingkang kaleksanan kangge pitepangan antawisipun kluarga saking calon pinanganten kakung (CPK) kaliyan calon pinanganten putri (CPP)
2.Upacara Lamaran: upacara ingkang dipunlaksanani kangge mbacutaken, pitengan saking upacara nakokno, lumrahipun wonten upacara lintu kalpika (tukar cincin).
3.Upacara siraman: Upacara menika kalesanan kangge ngresiki sesuker ingkang tumemplek ing diri calon pinanganten kekalih, supados bilih mangke badhe lumebet ing bale wisma saged resik ilang, nir ing sambi kala
4.Upacara Midodareni: upacara kang dipunlaksani, mingka nyuwun pangestu dhateng tiyang sepuh, bilih mbenjang badhe nglaksanani upacara Akad nikah/  pemberkatan.
5.Upacara akad nikah/ pemberkatan: upacara menika minangka tanda sampun sah/ “resmi” pinanganten kekalih miturut ajaran agaminipun piyambak-piyambak.
6.Upacara panggih: upacara punika minangka wujud dhaupipun(bertemunya) pinaganten kekalih