Tembung Entar
Tembung entar tegese. Tembung silihan utawa tembung kang duwe teges ora salumrahe utawa saligune. Yen ning bahasa Indonesia asring kasebut “bahasa kiasan” .
Tuladhane:
· Abang kupinge : nesu banget
· Abang-abang lambe : ora temenanan
· Baling liring : nglirik mripat
· Bening atine : sumeh
· Cancut taliwanda : tandang gawe
· Cupet atine : gampang nesu
· Dadi gawe : ngrepotake
· Gadho ati : gawe susah ati
· Jembar kaweruhe : akeh ngelmune
· Kuwat drajad : cocok dadi pemimpin
· Lara ayu : lara cacaren
· Mata dhuwitan : srakah marang dhuwit
· Padhang dalane : mlebu surge
· Udan tangis : akeh sing padha nangis
· Mogel ilate : mangan sing sarwa enak
Sanepa
Sanepa tegese unen-unen bangsane pepindhan lan ajeg panganggone ngemu surasa mbangetake nanging nganggo tembung sing tegese kosok baline karo karepe.
Tuladha:
· Arang kranjang : kerep banget
· Arang wulu kucing : akeh banget
· Arum jamban : banger/mambu banget
· Pait madu : legi banget
· Atos debog : empuk banget
· Jero tapak meri : cethek banget
· Abang dluwang : pucet banget
Tembung saroja
Tembung saroja, tegese loro padha utawa meh padha tegese di enggo bebarengan.
Tuladha:
· Abang mbranang
· Adhem ayem
· Bagas waras
· Breh weh
· Campur bawur
· Duga prayoga
· Edi peni
· Jabang bayi
· Kabur kanginan
· Lega lila
· Raja pati
· Sabar drana
· Uba rampe
matur suwun pangertosipun.....
BalasHapusMatur suwun
BalasHapusN
Dalam literatur penafsiran dalam menafsirkan ayat alquran.
BalasHapusTembung dalam istilah jowo, bisa tidak di gunakan dalam model literatur dalm menafsirkan ayat al quran...?????
Matur Kesuwun
BalasHapusMatur nuwun
BalasHapusMatur nembah nuwun
BalasHapusThanks for this
BalasHapusTembung Kang duwe teges kosok baline karo tembung Kang dikarepake diarani Tembung
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapus