Rabu, 02 Februari 2011

WANGSALAN


Wangsalan saking tembung wangsal, ingkang tegesipun wangsulan (jawaban). Wangsalan inggih punika unen-unen ingkang mirip teka-teki, saengga mbetahaken wangsulan, namung menawi wangsalan  sampun wonten tembung kunci kangge mangsuli wangsalan kala wau.

Wangsalan piyambak kaperang dados 3 jinis:
1.    Wangsalan lamba: wangsalan kang lugas, utawi wangsalan ingkang paling prasaja (sederhana). Ancasipun wangsalan punika minangka “pemanis” pacelathon padinan.
Tuladha:
Ø Mutra bebek, udane ngene kok wira-wiri bae apa ora risi ta?
Mutra bebek batanganipun meri, sampun wonten pituduhe ing ukara wingkingipun wiri
Ø Witing kelapa, wong tuwa ngomong kok ora nggugu
Wit kelapa batanganipun glugu, amargi tembung kuncinipun ngguggu

2.    Wangsalan rangkep inggih punika rerangkening tembung saengga mbentuk tegesing tembung.
Tuladha:
Kolik priya wanara, wanara anjani putra
Tuhu eman, wong enom wedi kangelan
Kolik priya batanganipun manuk tuhu, tembung kunci wonten ing ukara tuhu eman
Anjani putra batanganipun anoman, tembung kunci wonten ing ukara enom

3.    Wangsalan kang dumunung ing sanglebeting tembang. Wangsalan punika ancasipun kangge nambah kaendahan ing salebetipun sekar/ tembang.
Tuladha:
Sendhon puspagiwang
Parabe sang marabangun
Sepat domba kali oya
Aja dolan lan wong priya
Gung temah nora prasaja.

Ancasipun wangsalan dipundamel dening masyarakat jawi, inggih punika nggadahi paedah, inggih punika kangge:
a.    Panutuping sesorah, tuladha jenang sela wader kali sesondheran yen wonten lepat kawula nyuwun pangapunten.
b.    Kangge sarana ngelamar prawan,tuladha ngembun-embun enjang, anjejawah sonten.
c.    Minagka pungkasaning watak pasrah sumarah, tuladha dammar mancung cinupet.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar